Sabtu, 17 Oktober 2015

Cerkak Bahasa Jawa


Kali ini saya akan memposting tentang Cerkak. Buat yang lagi kebingungan buat bikin cerkak dan bingung apa arti cerkak itu, saya akan membantu mengatasi kebingungan anda. 


Disini saya akan membahas tentang pengertian cerkak dan contoh cerkak yang saya buat sewaktu saya kelas 8. 


Pengertian Cerkak – Cerita cekak utawa cerkak adalah mubarang bentuk karangan nduwe bentuk prosa naratif fiktif lan nggunakne Basa Jawi jero panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang tujuane, dibandingna karo cerito fiksi sing luwih dawa kaya novel. Cerkak sukses nyandhalake teknik-teknik sastra kaya tokoh, alur, tema, basa, lan insight sacara luwih amba dibandingna karo fiksi sing luwih dawa.

Cerkak cenderung kurang kompleks dibandingna karo novel. Cerkak biyasane muserke gatekan nang siji kedaden, nduweni siji plot, setting sing tunggal, cacah tokoh sing kewates, ncakup arah wayah sing singkat.

Pengertian Cerkak

Jero bentuk-bentuk fiksi sing luwih dawa, ceritone cenderung momot unsur-unsur inti tertentu saka struktur dinamis:
  • Eksposisi (panerna setting, situasi, lan tokoh utamane)
  • Komplikasi (kadadean neng jero cerito sing ngenalake konflik)
  • Aksi sing ningkat, krisis (wektu sing menentukan kanggo si tokoh utama lan komitmen dekne kabeh adhep mubarang jangkah)
  • Klimaks (titik minat paling dhuwur jero pangerten konflik lan titik cerito sing ngandung aksi paling akeh utawa penting)
  • Penyelesaian (kanggonan cerito neng endi konflik dipecahkan)
  • Moral
Amarga cendhak, cerito cekak bisa momot pola iki utawa bokmenawa uga ora. Dadi contho, cerito-cerito cekak modern mung sapisan ngandung eksposisi. Sing luwih umum yaiku awal sing mendadak, karo cerito sing dianyak neng tengah aksi. Kaya jero cerito-cerito sing luwih dawa, plot saka cerito cekak uga ngandung klimaks, utawa titik walik.

Ning mangkana, akhir saka akeh cerito cekak biyasane mendadak lan bukak lan bisa ngandung (utawa bisa uga ora) pesan moral utawa piwulang praktis. kaya akeh bentuk seni endia, ciri khas saka siji cerito cendhak beda-seje manut pengarangnya.

Cerkak nduweni 2 unsur yaiku:

1. Unsur intrinsik yaiku unsur sing nangi karya kuwi dhewe. Unsur–unsur intrinsik cerkak yaiku dadi iki:
  • Tema
  • Latar: panggon, wayah, kahanan.
  • Alur: maju, mundur, campuran.
  • Tokoh
  • Penokohan
  • Sudut pandang
  • Amanat
2. Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur sing ana ing njaba karya sastra, ning sacara ora teras mempengaruhi tangen utawa sistem organisme karya sastra.

Unsur ekstrinsik meliputi:
  • aji-aji jero cerito (agama, budaya, politik, ekonomi)
  • Latar buri kuripan pengarang..
  • Situasi sosial pas cerito kuwi diciptakan
 
 
Salah satu contoh cerkak :

Dewek Bocah Sekolahan

Kie kelase aku kelas 8F.
Neng sekolahane aku, kelas 8 iku masa bocah-bocah lagi pada bandel-bandele. 8F iku sekumpulane bocah-bocah aneka rupa sing paling bandel ning angkatane aku. Ora kabehan bandel juga sih, tapi emang sebagian gede isine bocah-bocah pada sableng.
Ya, langsung bae maring cerita.
Kaya biasa dina senen iku, dina sing paling disebeli ning bocah sekolahan terutama kanggo kelase aku. Kepiwe ora disebeli dina senen kuwe dewek kudu tangi lewih awal, kudu nganggo seragam sing lengkap, lan upacara.  
Bel sekolah moni, iku tandane bocah-bocah kudu wis pada baris ning lapangan kanggo ngelaksanakake upacara. Petugas upacara dina kie kelas 9D. Upacara berlangsung hikmat tapi ora kanggo kelase aku, kelase aku yen lagi upacara pada dolanan dewek, cerita-cerita dewek, lan liane. Bocah-bocah neng kelase aku juga angger upacara seragame ora selalu lengkap ana bae sing kurang. Mulane ora gumun, yen rampung upacara kelase aku diumumna kelas sing paling ora disiplin. Tapi karo julukan kue kelase aku malah pada seneng, merga julukan kuwe sing dadikna kelase aku paling terkenal. Ya terkenal bandele.
Rampung upacara, kabehan maring kelase dewek-dewek. Pelajaran pertama neng kelase aku yaiku pelajaran matematika. Pelajaran matematika iku pelajaran sing paling diwedeni neng kelas 8F, soale dewek sering kon maju kanggo nggarap soal lan guru pelajaran matematika iku gurune galak. Kaya biasa, sedurunge guru mlebu kelas pasti kelase aku rame banget kaya lagi neng pasar ora terkendali. Bocah sing paling bandel neng kelase aku iku Ajun. Batir-batire aku juga dadi bandel gara-gara ulahe Ajun. Ajun kuwi bocah sing paling gawe keributan dewek ning kelas.
Wis nganti 30 menitan guru matematika ora mlebu kelas. Mulane Dewi bocah sing paling rajin ning kelase aku, mrentah Lili ketua kelas kon manggil guru matematika ning kantor. Tapi bocahan sing liane pada ora setuju, soale dewek paling ngedap angger kon pelajaran, dewek lewih seneng jam pelajaran kosong.
“Lili, cepetan nyeluk pak Yoyo, sapa ngerti pak Yoyo kelalen yen ana pelajaran   matematika ning kelase dewek.” Usul Dewi
“Aja diceluk Li, jorna baen, dewek juga seneng kan angger jam pelajaran kosong.” Ujar Bayu, salah sijine bocah sing paling bandel neng kelase aku.
“Iya Li, mungkin pak Yoyo ora mlebu, wis lah ora usah diceluk” sambung Ajun
“Tapi Li, mengko angger ora diceluk dewek sing diomehi lho.” Dewi kanggo ngeyakini Lili sing wis terpengaruh karo bocah-bocah sing pada seneng  jam pelajaran kosong.
Lili bingung arep nyeluk apa ora. Tapi sebagian gede bocahan ora setuju yen pak Yoyo diceluk. Angger Lili nyeluk pak Yoyo, pasti Lili langsung dimusuhi ning bocahan sekelas,  mulane Lili mutusna ora manggil pak Yoyo.
Kelase aku sing terkenal kelas paling bandel rame banget wektu pelajaran kosong, akeh sing pada nyanyi-nyayi dewek, cerita-cerita, lan akeh sing pada metu kelas kanggo jajan. Saking ramene kelase aku, kelas sebelah sing lagi diwulang neng bu Endah sing terkenal paling galak ngerasa terganggu. Mulane bu Endah langsung naik pitam lan mburu kelase aku. Ngerti ana Bu Endah kelase aku sing maune rame kaya pasar langsung dadi pada meneng. Bu endah langsung ngomehi kelase aku terutama ngomehi Lili.
“ngerti ora kiye lagi jam pelajaran, aja pada brisik bae, nganggu ngerti ning kelas liane,angger emang lagi jam kosong ya pada sinau dewek aja malah pada brisik nganti nganggu kelas liane, ngerti apa ora!!!!!!” omeh Bu Endah
            “nggih bu,” surak bocahan sekelas
“Lili, sebagai ketua kelas, ko kudune bisa ngendalikna kelas, kudu mrentah batir-batire kon aja brisik. Kie malahan ko melu-melu brisik juga. Angger kelas kie esih pada brisik bae, tek omongna maring wali kelas mengko.” Lanjut omeh Bu Endang maring Lili
            “nggih bu, Lili lan batir-batir sekelas minta maaf” bela Lili
            “awas,angger pada brisik maning.” Ancam bu Endah
Kejadian kaya kie wis ora asing maning ning kelase aku, soale kelase aku sering juga diomehi guru-guru sing liane angger lagi jam pelajaran pada rame. Angger urung diomehi pasti kelase aku urung pada meneng, sawise kelase aku diomehi neng bu Endah, guru sing paling diwedeni neng batir-batire aku, suasana kelas langsung sunyi lan pada meneng kabeh.
Ora suwe setelahe bu Endah ngomehi kelase aku, kelas sing paling bandel, Pak Yoyo mlebu kelas. Kabehane pada kaget terutama Lili. Merga dewek kabeh ngertine pak Yoyo iku ora mlebu. Atine dewek kabeh langsung pada dag dig dug, kabehan pada maras mbok diomehi soale mau pak Yoyo ora diceluk nganti pelajaran keloro.
“wenehi salam.” Lili
“assaslamu’alaikum wr.wb” kabehan bocah sekelas
Iku salam kangge bukak pelajaran. Sawise aku lan batir-batir menehi salam, pak Yoyo njawab salame karo rai sing ketone nesu lan kecewa marang aku lan batir-batir.
“wassalamu’alaikum wr.wb” jawab pak Yoyo
Sawise pak Yoyo njawab salam, suasana kelas sunyi lan raine aku kambi bocahan terutama Lili langsung pada tegang. Pak yoyo ndelengi kabeh bocah sekelas kambi tatapan mata sinis. Kabehane bocah pada ndengkul ora wani ndeleng matane pak Yoyo.
“kepiwe, deneng mau pak Yoyo ora diceluk. Kepiwe Lili.?” Takon pak Yoyo
“heh, kepiwe deneng langka sing pada njawab yoh, apa lagi pada sariawanen kabeh.”   Lanjut pak Yoyo
“mboten pak.” Dewek sekelas
“angger mboten. Pak Yoyo siki takon, kepiwe deneng mau pada ora nyeluk pak Yoyo, apa pada seneng angger langka pelajaran matematika. Apa maning ora diwulang neng pak Yoyo, apa pada seneng? Ayo dijawab.” Takon maning pak Yoyo kambi nada sing keras lan medeni
“mboten pak, wau kulo kira pak Yoyo mboten mlebet, dados kulo mboten manggil pak Yoyo” ujar Lili
“ya mbok angger pak Yoyo urung mlebu kelas, Lili ya maring kantor niliki pak Yoyo ana apa ora. Aja malah pada njikot kesimpulan dewek. Emang bener yah jere guru-guru sing liane, kelas kie kelas sing paling susah diatur bocah-bocahe. Tek laporna walikelas mengko.”
Kabehan bocah-bocah sekelas pada meneng lan pada deg-degan angger pak Yoyo temenan ngomongna masalah iki maring walikelas, soale walikelas 8F iku, angger aweh hukuman ora setengah-setengah. Sawise pak Yoyo ngomongi dewek, pak Yoyo langsung mulang kambi rai sing ketonane kecewa.
“kring..kring..kring..kring..kring” bel sekolah moni, iku tandane jam pelajaran wis rampung. Bocah-bocah pada metu kelas lan maring kantin nggo tuku jajan.
Sedurunge aku lan batir-batir maring kantin, tiba-tiba ana bocah kelas 7, sing ngomong yen Lili ketua kelase dewek ken maring kantor nemoni wali kelas. Wali kelase dewek guru Bahasa Indonesia sing jenenge Bu Hidayah. Bu Hidayah terkenal guru sing paling tegas angger aweh hukuman. Sawise nemoni Bu Hidayah, Lili mlebu kelas lan nyampekna amanate Bu Hidayah yaiku aku lan batir-batir kelas 8F, mengko sawise jam pelajaran rampung kabeh aja kon pada bali disit.
“batir-batir miki bu Hidayah nyampekna amanat maring aku” jere Lili
“amanat apa Li,? Takon Indah
“dewek mengko sawise pelajaran rampung kabeh aja ken bali disit, tapi langsung pada kumpul ning aula.”
“oh kaya kue, ya oke-oke.” Sambung Difik
Sawise nyampekna hal kue, aku lan batir-batir pada bingung. Kira-kira bu Endah arep ngapa mrentah aku lan bati-batir ben kumpul neng aula sekolah.
Bunyi ketelu moni, iku tandane wektu istirahat wis rampung lan bocah-bocah kudu langsung mlebu kabeh neng kelas kanggo ngikuti pelajaran sing selanjute.
Pelajaran demi pelajaran wis aku lan batir-batir lewati. Saiki wis bel keenem, iku tandane pelajan wis rampung kabeh lan wektune bali. Kabehan bocah wis pada bali, tapi aku lan batir-batir durung bali. Aku lan batir-batir langsung maring aula kanggo menuhi amanate bu Hidayah.
Ora suwe dewek nunggu, bu Hidayah teka. Dewek langsung menehi salam.
“assalamu’alaikum wr.wb”
“wassalamu’alaikum wr.wb. iya, kelas 8F, wis ngerti urung ken pada kumpul neng kene, akone ibu iku kon ngapa?” takon bu Hidayah maring aku lan batir-batir
“dereng bu.” Sorak aku lan kanca-kanca
“ya, ibu ora pengin suwe-suwe. Ibu cuma pengin ngomong bahwa ibu kecewa karo ko pada, ibu wis ngomongi wari-wari maring ko pada, tapi deneng esih pada bandel. Angger emang wis ora betah neng sekolahan kie gari pada pindah bae nganah, daripada pada susah diatur. Ibu sebagai walikelase ko pada isin. Ibu isin diomongi ning guru-guru sing liane, ibu diomongi bahwa ibu gagal mbimbing ko pada. Apa ko pada ora melas kambi ibu.”
“ibu nyuwun banget maring ko pada, ko aja pada bandel-bandel . Aja pada susah diatur. Buktikna bahwa kelas 8F iku kelas sing bocah-bocahe pada pinter, pada gelem diatur, disiplin, lan dadi pada bocah sing apik-apik, buktikna maring guru-guru lan kelas liane ya.” Omong bu Hidayah.
Sawise krungu omongane bu Hidayah, aku lan batir-batir langsung sadar lan langsung pada janji maring bu HIidayah bakal dadi bocah sing dikarepna neng bu Hidayah. Tapi karna dewek dina kie wis gawe kesalahan, dewek tetep diwei hukuman neng bu Hidayah. Aku lan batir-batir dihukum ken bersih-bersih sekolahan nganti bersih.
Ya batir-batir kabeh, iku pengalamane aku lan batir-batir yen dadi bocah sekolahan. Pesan sing bisa dipetik saka cerita neng nduwur yaiku dewek kabeh dadi bocah sekolah kudu bisa dadi bocah sing disiplin, pinter, tertib lan kudu dadi bocah sing manut aturan ben bisa mbanggakna guru-guru terutama walikelas lan wongtua.

Ya, itulah contoh cerkak yang saya buat ketika saya kelas 8. Semoga Bermanfaat :)







Tidak ada komentar:

Posting Komentar